Free views, likes and subscribers at YouTube. Now!
Get Free YouTube Subscribers, Views and Likes

Kidungan Jula Juli Ayo Poso Romadhon 2024

Follow
Budaya Kita Official

Kidungan Jula Juli
Dibawakan Oleh
Cak Ariz Wicaksono
Cak Slamet
Cak Kasimin Wibisono

Karya Cak Ariz Wicaksono
Pooss
Ojo kecapan mundak kecakot
wohe sawo dipangan uler
Ojo pegatan nek isik abot
gakduwe bojo nek turu mlungker
salahe Dewe
ijo ijo didekek mejo
gakduwe bojo bendino poso

Lombo
Wulan suci romadhon, Iki wis Kate teko
Mulane umat Islam , Podo nindakno
Sifat angkoro, kebat singkirono
Posone nutut, sampik teko Dino rioyo

Wulan romadhon, disebut ulan kang suci
Kanggo mbersihno iman, ugo rohani
Setahun sepisan Ojo sampik lali
Poso wajib, ayo dilakoni

Rangkep
Kembang Turi, dang talenono
Ono Tempeh, Ojo digowo
Sifat drengki meri ,iku ilangono
Dono weweh, amal sing Lenggowo

Nandur srikoyo, Nang kebonan
Onok kutuk, digoreng ng wajan
Ngelakoni Poso ,akeh rintangan
Mulo tak jaluk, kudu kuat iman

Dangdut
Sopo sing nglakoni Poso
jare jelas nemoni rioyo
Poso munu kudu kuat penggudo
Supoyo ibadahe tansoyo Sampurno

Poso munu iku ibadah
Kanggo nyegah nafsu sing salah
nek Poso kudu sedekah
Isok o bayar zakat fitrah

Gowo tali didekek kebon
Ojo lali Poso romadhon.

#ludruk #julajulijawa #ahokdjarot #dagelanjowo #breakingnews #banyolanjowo #demokrat #ganjarpranowo #humor #pilpres2024

posted by gasgediig