Learn how to get Free YouTube subscribers, views and likes
Get Free YouTube Subscribers, Views and Likes

Kidungan Jula Juli Kasimin Wibisono Menyambut Puasa Ramadhan 2024

Follow
Budaya Kita Official

Kidungan Jula Juli Puasa Ramadhan
Karya Cak Ariz Wicaksono
Pengidung Cak Kasimin Wibisono

Poss
Ono kodok, pencolotan
Onok budeng, ireng rupane
Dadi arek wedok, Ojo seneng keluyuran
Ngko nek meteng, gak ruh jawane
Pancene temenan
Mangan jagung, enak rasane
Sing Ngidung Kancane dewe

Lombo
Wis wajibe, umat Islam Nok ndunyo
Wulan romadhon, kudu nglakoni Poso
Poso sing suwene,, telung puluh dino
Nganti tekane, dino rioyo

Poso ngunu, ora cumak nyegah ngelak Lan luwe
Tapi kudu biso ngehindari , Kabeh larangane
Kudu Iso merangi howo nafsune
Mbesuk Nok akhirat gede ganjarane

Rangkep
Gowo kawat, didekek kloso
Godong meranti, mrambat srikoyo
Sopo sing kuat, nglakoni Poso
Mesti nemoni, dino rioyo

Bengi bengi, mangan koro
Tuku peniti, cumak songo
Kudu Iso merangi, sifat angkoro
Mbesuk nek mati , munggah suargo

Dangdut
Kembang Turi, kok Dicancang
Nandur kluweh, dirubung kelabang
Sifat gendong lali ,gak biso ilang
Tonggoe sugih, pikire kok sumelang

Kelip kelip, Ojo ditaleni
Tuku sepatu, cumak siji
Pancen Urip , Kabeh bakale mati
Mulo Limang waktu ,ayo dilakoni

posted by gasgediig